Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Widget HTML #1

Advertisement

Kumpulan Kata Bijak Bahasa Jawa Terbaru 2022



  Ora usah suwe-suwe langsung wae disimak lur Kata-Kata Bijak Terbaru Taun 2022

Yen sing urung bisa bedake endi sing bener lan kleru,
Menika tanda yen durung gelem sinau lan nyawang.
Nyatane akeh wong sing pingin hasil sing gedhe,
Nanging iseh lali karo sepiro ukuran kekuatane lan kepiye sing ngupayake.
Aja wedi kleru, amarga bisa luwih becik saka sinau sing kleru.
Yen wong liya ora percaya karo omonganmu, gawenen percaya karo tumindakmu.
Nek koe nuruti gengsi mergo pengin disegani
Hambok rene aku nduwe tak wehi Lawuhe sisan.
Ora bakal butuh topeng yen pakartimu wis nyawiji karo niat lan omonganmu.
Gusti paring pitedah bisa liwat bungah bisa liwat susah.
Nek kon milih Bodho nanging ora kemaki karo pinter nanging minteri
Aku pilih sing bodho wae nanging nglembah manah.
Aja bingung miwiti, lakoni sing tenanan, bab hasil pasrahke marang Gusti.
Jembare pikirane manungsa kuwi mung sakgedene jagat,
Jembare atine manungsa mung sakgedene swarga lan akhirat,
Naging sepiro jembare swarga lan akhirat? namung Gusti sing pirsa pestine.
Gusti sampun pirsa, nanging manungsa isih kulina ngaturi pirsa marang Gusti.
Luwih becik pinter lakonane bodho omongane tinimbang pinter omongane bodho lakonane.
Yen tresnamu saka rupa, kepiye anggonmu tresno marang Gusti sing tanpa rupa?
Pasrah marang Pengeran, aja pasrah amarga kahanan.
Ora wedi salah, amarga wani mbenerke,
ora wedi bener, amarga wani penerke, nanging paling wedi bener dewe.
Mungkin dudu gebyare donya sing gawe gogroke Iman
nanging ati sing ora gelem utawa mungkin ora bisa eling marang Pengeran.
Gusti Pengeran sampun paring tuladha ing pasrah saking abot lan entheng perkara sing ditampa.





Cekap semanten atur kawula, Matur sembah suwun 😁

Baca Juga : Kata kata Idul Adha

Advertisement