Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Widget HTML #1

Advertisement

Unggah ungguh Basa Jawa lengkap ( Basa Ngoko, Basa Madya dan Basa Krama )

Unggah ungguh Bahasa Jawa yaitu adat sopan santun, tatakrama dan tatasusila yang menggunakan Bahasa Jawa. Undha usuk basa jawa kaperang dadi limo, yaiku:
Unggah ungguh bahasa jawa
Unggah ungguh basa jawa
  1. Basa Ngoko, kaperang dadi loro, yaiku Ngoko Lugu dan Ngoko Andhap. Isih kaperang maneh dadi loro, yaikut Basa Antya lan Antya Basa
  2. Basa Madya, kaperang dadi telu, yaiku Madya Ngoko, Madyantara dan Madya Krama
  3. Basa Krama, kaperang dadi limo, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wreda Krama, Krama Inggil dan Krama Desa
  4. Basa Kedathon
  5. Basa Kasar.

  • Basa Ngoko

Basa Jawa Ngoko yaiku Perangan atau Bagian Basa Jawa kanggo guneman atau bicara marang wong sapadha / sepadan. Basa Ngoko iki isih Kaperang / dibagi dadi 2, yaiku:

1. Ngoko Lugu

Ing undha usuk Basa Jawa, Ngoko Lugu minangka tataran Basa sing paling asor. Wujud dari tembung ngoko ora ana tembung Krama utawi Krama Inggil marang wong sing diajak ngomong atau guneman. Ngoko lugu digunakake marang:
  • Wong tuwo marang cah enom
  • Wong sapadha, sadrajad utawi wis raket atau kulina sesrawungane
  • Wong kang due pangkat dhuwur marang pekerjaane
  • Bocah Cilik karo konco kancane

2. Ngoko Andhap

Ngoko andhap yaiku Basa Ngoko sing alus lan luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman atau ngomong. Wujud dari tembung ngoko iki campuran tembung krama inggil kepada orang yang diajak bicara utawi guneman. Ngoko andhap kanggo guneman menyang:
  • Sedulur atau Saudara tuwa marang sedulur enom kang luwih duwur drajad e
  • Priyayi marang Priyayi sing wis raket utawi kulina
  • Bojone priyayi marang sing lanang
Boso ngoko andhap iso diperang dadi:

a. Antya Basa ( Tembung ngoko lan Krama Inggil )

Ciri cirine:
1. Aku, tetap tidak dirubah atau ora di owah
2. Kowe, diganti dengan Panjenengan, Kang mas, ki raka
3. Ater ater dak-, ko-, lan panambang atau akhiran -ku, -mu, -e, -ake, tidak dirubah atau ora owah

Tuladha / Contoh:
1. Mas, aku nywun ngampil kagungan Pensil sewengi wae
2. Wah, Panjenengan ki rada ngece. Genah wis pirsa wae kok mundhut pirsa

b. Basa Antya ( Tembung Ngoko, Krama lan Krama Inggil )

Ciri cirine:
1. Aku, tetep tidak dirubah atau ora di owah
2. Kowe, diganti nganggo Panjenengan, Kangmas, Ki raka
3. Ater ater dak-, ko-, di- tetap tidak dirubah

Tuladha / Contoh:
1. Kangmas, aku ora biso nyaosi apa apa marang panjenengan, kajaba mung biso ndherek muji rahayu, muga muga panjenengan saget remen, lan saget ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa dan bangsa.

  • Basa Madya

Basa Madya yaiku basa ing antara Basa Ngoko lan krama. Wujude Basa Madya iku tembung Madya dicampur ngoko utawi krama. Basa Madya isih kaperang dadi telu, yaiku:

1. Madya Ngoko

Wujud e Basa Madya lan Ngoko, ater ater lan panambang tetep ngoko. Madya ngoko lumrahe digunakake marang:
  • bakul padha bakul
  • Priyayi marang bawahan atau sor sorane

Ciri cirine:
1. Aku, dadi kula
2. Kowe, di ubah dadi Dika / Samang / Mang
3. Ater ater Tak- diubah dadi kula
4. Ater ater Ko- diubah dadi Dika
5. Ater ater Di- ora diubah

Tuladha / Contoh:
1. Dika niku klebu beja, olehe panen kacang mboten enten sing gapong, Samang napake ta?

2. Madyantara

Madyantara iku wujud tembunge Madya ( ater ater lan panambang ngoko ). Madyantara lumrahe digunakake marang:
  • Sesama orang yang sudah sering bertemu ( wong biasa marang wong biasa )
  • Priyayi marang sanak e tuwa kang luwih asor
Ciri cirine:
1. Aku, dadi kula
2. Kowe, di ubah dadi Sampeyan, Samang
3. Ater ater Tak- diubah dadi Kula
4. Ater ater Ko- diubah dadi Samang, Mang
5. Panambang -Ku diubah dadi Kula
6. Panambang -mu diubah dadi Sampeyan,Samang
7. Panambang -e tidak diubah

Tuladha / Contoh:
1. Sampeyan niku pripun to mas, seprika sepriki kok mboten enten sudane

Basa Madya Ngoko: Eeeh, Yu nggendhong lurik, ndika mandheg sedela
Basa Madyantara: Engga ta mang milih, dagangane kula sae sae.

3. Madya Krama

Basa Madya Krama iku wujude tembung Madya ( ater ater lan panambang ngoko ) Krama lan krama inggil. Madya Krama lumrahe digunakake marang:
  • Padha priyayi sing uwis kulina
  • Bojone priyayi marang sing lanang
Ciri cirine:
1. Aku, diubah dadi Kula
2. Kowe, diubah dadi Sampeyan, Samang
3. Ater ater tak- diubah dadi kula
4. Ater ater ko- diubah dadi samang, mang
5. Ater ater di- ora diowah

Tuladha / Contoh:
1. Wetonku tumbuk 29 taun, slametane opo wis kok pikir?

  • Basa Krama 

Basa Krama  Kaperang / dibagi dadi 5, yaiku:

1. Kramantara / Krama Lugu

Basa Kramantara utawi Krama Lugu yaiku kanggo guneman Wong Tuwa marang Wong sing luwih enom, dengan status sosial utawi pangkat kang luwih duwur.

Ciri cirine:
1. Aku, diubah dadi Kula
2. Kowe, diubah dadi Sampeyan
3. Ater ater tak- diubah dadi kula
4. Ater ater ko- diubah dadi sampeyan
5. Ater ater di- diubah dipun
6. Panambang -Ku diubah dadi Kula
7. Panambang -mu diubah dadi Sampeyan
8. Panambang -e diubah ipun
9. Panambang -ake diubah aken

Tuladha / Contoh:
1. Punapa sampeyan kala-wingi sampun dipunsukani ngertos pak lurah bilih benjing wonten rapat?

Baca Juga: Arane mangsa

2. Mudha Krama

Basa Mudha Krama lumrahe digunakake marang: 
  • bocah nom marang wong tuwa
  • murid marang guru
  • priyayi marang priyayi
Ciri cirine:
1. Aku, diubah dadi kula
2. Kowe, diubah dadi Panjenengan
3. Ater ater tak- diubah dadi kula
4. Ater ater ko- diubah dadi dipun
5. Panambang -Ku diubah dadi Kula
6. Panambang -mu diubah dadi Sampeyan,Panjenengan
7. Panambang -E diubah dadi Dipun
8. Panambang -ake diubah dadi aken

Tuladha / Contoh:
1. Menawi bapak remen, kula tumbasaken

3. Wreda Krama

Wreda Krama wujude basa krama, tapi ater ater lan panambang ora dikrama ne. Wreda Krama digunakake marang wong tuwa menyang wong kang luwih enom.

Ciri cirine:
1. Aku, diubah dadi kula
2. Kowe, diubah dadi Panjenengan, Sampeyan

Tuladha / Contoh:
1. Tulung tumbasake gendhis abrit dhateng peken

4. Krama Inggil

Krama inggil wujude Basa Krama kabeh, koyo Wreda Krama. Wreda Krama lumrahe digunakake marang: 
  • Bocah enom marang wong tuwa
  • Orang biasa marang priyayi
Ciri cirine:
1. Aku, diubah dadi Kawula, Adalem, Abdi-dalem
2. Kowe, diubah dadi panjenengan-dalem

Tuladha / Contoh:
1. Kawula sowan mriki kagem silaturahmi

5. Krama Desa

Krama desa yaitu basa sing digunakake marang wong-wong neng deso sing biasane isih wuta sastra.

Ciri cirine:
1. Aku, diubah dadi Kula
2. Kowe, diubah dadi Sampeyan
3. Ater ater tak- diubah dadi kula
4. Ater ater ko- diubah dadi sampeyan
5. Ater ater di- diubah dadi dipun
6. Panambang -Ku diubah dadi Kula
7. Panambang -mu diubah dadi Sampeyan
8. Panambang -E diubah dadi ipun
9. Panambang -ake diubah dadi aken

Tuladha / Contoh:
1. Sampeyan, badhe teng pundi?

  • Basa Kedhaton

Basa kedhaton yaiku basa sing kanggone mung ana kedhaton. Kanggo tumrap Sentana lan Pelayan Raja ing waktu seba ing ngarsanipun Raja.

Tuladha / Contoh:
1. Jenengandika punapi sampun mengertis pawartos puniki?

  • Basa Kasar

Basa Kasar yaiku basa sing berasal saka Basa Ngoko lan Kasar. Biasa digunakake marang wong sing lagi nesu.

Tuladha / Contoh:
1. Koe ki lho malesan, gaweanmu gur micek wae


Itulah tadi sedikit penjelasan tentang Unggah ungguh Basa Jawa lengkap ( Basa Ngoko, Basa Madya dan Basa Krama ) yang bisa kami sampaikan.

Baca Juga: Ucapan Belasungkawa Bahasa Jawa

Baca Juga : Kata kata Idul Adha

Advertisement